Detail Cantuman
Advanced Search
Text
Rembulan Ndadari
Wiwit kina makina, jagad sampun suka pangalembana bilih basa sastra seni lan budaya Jawi menika mangku suraos ingkang lebet. Para pujangga ingkang satuhu lebda ing saniskara, wasis ing samukawis paring wulangan, wejangan saha wedharan lumantar seratan kitab maneka warni. Karya cipta rumpakan para dwija agung kalawau kawarisaken kanthi turun-tumurun. Sumebar wiwit saking kitha-ngakitha, dhusun ngadhusun dumugi gunung-ngagunung.
Piwulang adi luhung saha kagunan edi peni kalawau saestu dados piranti kangge mbangun jiwanipun para mudha ing salebeting pasrawungan. Bebrayan ageng prayogi sanget menawi sinartan pustaka ajar ingkang mirunggan. Ing pangajab uba rampenipun basa sastra lan seni lan budaya Jawa ingkang karembag lajeng lumampah kanthi urut lan patut. Sedaya wau kaajab minangka tetungguling bebrayan saha bahu sukuning bangsa.
Wedaling buku Novel Jawa menika hambok bilih dhawah kaleresan kangge nggancarake kridhaning pamulangan. Pratelanipun jangkep saha isinipun genep. Kawiwitan saking sejarah kabudayan Jawa tumuli dipun gandhengaken kaliyan nuting jaman kelakone. Kanthi mekaten buku menika dados srana ingkang taksih kersa nguri-uri murih mekaring kabudayan.
Ketersediaan
| F176364HC1 | 813 Bam r | My Library | Tersedia |
Informasi Detil
| Judul Seri |
-
|
|---|---|
| No. Panggil |
813 Bam r
|
| Penerbit | Panji Pustaka : Yogyakarta., 2009 |
| Deskripsi Fisik |
268 hlm.; 21 cm.
|
| Bahasa |
Indonesia
|
| ISBN/ISSN |
979-1606-49-8
|
| Klasifikasi |
813
|
| Tipe Isi |
-
|
| Tipe Media |
-
|
|---|---|
| Tipe Pembawa |
-
|
| Edisi |
-
|
| Subyek | |
| Info Detil Spesifik |
-
|
| Pernyataan Tanggungjawab |
-
|
Versi lain/terkait
Tidak tersedia versi lain






